Wayang minangka warisan budaya adiluhung sing kebak pralambang lan mengku makna filosofi tataran luhur. Crita wayang salakon dadi gegambaran lelakon uripe manungsa. Perang kembang klebu salah sijine adegan jroning lakon wayang, yaiku campuhing yuda antarane satriya bambangan klawan raseksa.
Ing pewayangan gagrag Surakarta lakune perang kembang nengsemake banget. Awit saka kaprigelane ki dhalang perang iki katon urip lan ora kalah rame yen ditandhingake perang-perang liyane.
Adegan perang kang mengku makna filosofi samesthine entuk apresiasi sing dhuwur dening penonton, nanging emane isih adoh saka pangarep-arep kasebut. Wong saiki luwih seneng nonton dhagelan Limbuk-Cangik lan dhagelan panakawan. Bareng panakawane rampung, akeh sing mulih, ora kepengin nekseni perange satriya lumawan buta cakil sakancane.
“Perang kembang kuwi maknane perange manungsa karo napsune. Titik” Tanpa dituturi, racake penonton wis apal makna filosofi iku. Ananging, benera kaya ngono, apa mung tekan semono maknane perang kembang? Apa isih bisa dikaji makna sing luwih jero?
Kanthi cara mbayangke lan manjing jroning kahanane lelakon, kita bisa ngresepi swasana lan necep makna filosofine perang kembang. Mula, ayo bebarengan nggiring angen-angen marang kahanan sing diucapake ki dhalang ing ngisor iki.
Satriya lan Raseksa
“Sigra eneng ening awas eling jroning batos, risang bagus. Karana melenging cipta, rasa lan karsa wus kuwawa denira manjing madyaning wana gung liwang-liwung. Ya ing kono dununge wana angker kepati, werit awingit, jalma mara jalma mati, sato mara angemasi.
Kacihna gumelare wana, lamun sinawang ing netra walaka sayekti peteng dhehet lelimengan. Parandene, mungguhing satriya trahing kusuma kaya kahanan ing gagat rahina. Laju tindake analasak wana tan metung pringga bayaning marga.
Amung sagebyaring thathit, lampahira dumugi dlanggung prapatan, cinegat dening rota raseksa ing catur keblat. Pramana paningale sang pekik tan kasamaran marang para raseksa pangawake napsu patang prakara.
Buta cakil gegambarane napsu supiyah. Napsune manungsa kang mendem kaelokan, nguja kasenengane, njurung ing ulah asmara. Ya napsu supiyah sing njalari manungsa kepengin ketok bagus-ayune, ngepolke anggone dandan. Ngingar-nginger awak, merat-merot lan mesam-mesem sangarepe pangilon. Yen mlaku digawe-gawe, klecam-klecem ngatonake sumehe supaya oleh pangalembana. Napsu supiyah nyurung pepenginan ngrasa bungahing ati, nyetel tape recorder seru ora empan mapan ing kahanan, seneng guyon sembranan lan gumuyu lakak-lakak. Kulina mara sanja golek pemareme ati, lelungan plesir amung kanggo nyenyeneng rasa. Napsu supiyah aweh daya tresna lan asih marang sasamaning titah, ngobarake genine asmara, Keladuking patrap manungsa banjur laku sedheng, ngrudapeksa laku jina marang bocah.
Buta rambut geni ya napsu amarah. Napsune manungsa kang nuwuhake hambeg lan greget ing tumindak. Krekat jail methakil, wani laku cidra angucap dora, mbidhung api rowang, Gampang serik drengki srei lan kebrongoting ati, ngumbar angkara tanpa wates, tegel ngilangi nyawa.
Buta galiyuk pangawake napsu aluamah. Ya napsu srakah, sabarang gawe kanggo mikolehake dhiri pribadi. Dhemen memangan, samubarang kolu kanggo ngebaki wadhuk. Napsu sing karepe bisa sugih mblegedhu, numpuk bandha, banjur nekad korupsi bandhane nagara. Napsu melik gelare kadonyan, mendem drajat lan pangkat, satemah laku adigang, adigung, adiguna.
Buta terong gegambaran mayane napsu mutmainah. Napsu kang condhong jujur tulusing batin. Maya ateges samar, mujudake anane niyating ati kang tanpa rasa lan madhahi napsu tri prakara. Niyat kang maya lamun sinasapan dening dayaning napsu supiyah, amarah, lan aluamah, mahanani mring pakarti. Mula jere manungsa mono bisaa nenimbang ing akal lan budine.
Kocap. Gya tumandang buta cakil anggemprang-nggemprang, anyerang mengsah binarungan kumuda rangsang. Abang kawelagar yaksa rambut geni krura kagiri-giri ngajap bilahi. Gedrug-gedrug raseksa galiyuk sora manguwuh mungsuh, anubruk ngaruk. Gentoyang-gentoyong solahe buta terong, nanging galake kaya singa barong.
Prayitna sang bagus mring krodhane mengsah, sethithik tan ngrasa gigrig. Tekane gora godha amung kinarya dadya sarana aneter jiwa kasatriyane. Bawane satriya kang limpad nranggulangi saliring kewuh, dhasar prawira sekti mandraguna, trengginas trampil ing jurit, sakehe bebaya gya tinandangan, sakedhap wus prapteng lampus”.
Mangkono mau ujare ki dhalang minangka pralambang anane napsu ing pribadine manungsa. Perang kembang iku adegan wayang versi Jawa sabab buta cakil lan kancane asli riptane wong Jawa, semono uga makna filosofine.
Matine raseksa ing perang kembang nelakake sirepe napsu, dudu ilange napsu, sabab sasuwene urip ing alam donya manungsa isih mbutuhake napsu kasebut. Satriya unggul nglawan raseksa nggambarake manungsa sing bisa ngendhaleni hawa napsune lan ngereh pribadine tumuju mring kautaman.
Lakon Wahyu
Ing Mahabarata crita sing magepokan karo wahyu kaprajan, kocape Arjuna kasil anggadhuh wahyu makutharama, dene Abimayu kuwat nampani wahyu cakraningrat. Sadurunge ngalap wahyu satriya loro iku nindakake perang kembang nglawan raseksa. Bab iki ateges sakehe sedya utama kudu adhedhasar tulusing batin, menebing pikir lan sumelehing rasa kanthi bisa nyerep gora godha hardane napsu pribadi.
Mligi ing lakon wahyu Makutharama, sawise nyirnakake raseksa Arjuna nerusake laku, munggah gunung Suwelagiri manjing padhepokan Kutharunggu ing tengahe alas kang kaapit jurang cerung saperlu ngalap wahyu. Laku munggah gunung diwerdeni wani rekasa amrih katekan sedyane. Kasembadane gegayuhan tinuku kanthi sarana gedhene lelabuhan, bebasan ateken janggut suku jaja, tetep dilakoni.
Wahyu iku kanugrahan kang ora wujud. Tumurune wahyu ora kena diprusa, sabab satemene wahyu sing duwe wewenang milih sejatine satriya kayadene curiga milih warangkane.
Wahyu Makutharama mujudake ilmu pangageme Ramawijaya nalika dadi ratu ing Pancawatidhendha. Pepakem iku isi wolung laku kang disebut Hasthabrata. Hastha wolu brata laku, ya laku wolung prakara sing diugemi lan ditindakake dening ratu kang ambawani para nayaka lan kawula sanagara.
Kang klebu laku wolung perkara yaiku laku hambege kisma, tirta, samirana, samodra, candra, baskara, dahana, lan wukir. Hasthabrata mengku surasa lelabuhan utama mungguhing nalendra, yaiku kudu tumindak murah asih, lembah manah, taliti, sabar, amadhangi, andayani, angrampungi lan teguh santosa.
Kanthi nindakake Hasthabrata mahanani Ramawijaya kaaran widagda mangembat praja lan disuyudi dening kawula. Tapak tilas lelabuhane Ramawijaya mangkono iku kang banjur kasebut wahyu Makutharama pikukuhing praja.
Babare Lelakon
Awit saka tulusing budi lan temene pangudi, Arjuna pantes nampani wahyu Makutharama kang diwedharake begawan kesawasidhi kang dhedhepok ing Kutharunggu. Adegan Arjuna nampa wejangan minangka babare lelakon ya lakune Arjuna anggone ngalap wahyu. Wejangan kang wis ditampa iku sabanjure dadi pepakem pikukuhing praja mungguhing ratu saka tedhak-turune Arjuna.
Crita wayang kasebut minangka gegambaran tumrape manungsa. Perang kembang bisa sawayah-wayah uga ing sadhengah papan dilakoni manungsa, sanajan ora rumangsa. Babare perang kembang kari mbiji menang lan orane manungsa anggone perang klawan napsune dhewe. Yen bisa ngredhem napsu ateges menang, nanging yen isih diereh napsune tegese kalah.
Kejaba nglawan napsune dhewe, manungsa uga ngadhepi napsune wong liya ing urip saben dinane. Ya ing kanyatan ngene iki manungsa diteter jiwa kasatriyane ing lelakon uripe. Mula jroning urip bebrayan manungsa bisaa tansah eling lan waspada, nggedhekake tepa slira, lan ora ninggal duga prayoga.
Babare lelakone manungsa sesambungan karo gegayuhan lan pakaryan sing dadi tanggung jawabe. Kasil lan orane mujudi gegayuhan lan kwajibane mertandhani babare lelakon ing uripe manungsa.
Wektu cedhak iki nagara kita arep duwe gawe pilihan presiden. Calon-calon presiden iku kayadene satriya kang nedheng-nedhenge ngalap tumurune wahyu. Pancen ora gampang dadi presiden, akeh godha rencanane lan bisa teka saka ngendi wae. Ananging tumrape jiwa satriya ora ana gendhing serik merga kesirik, ora kemba sanajan diundhamana. Lakune satriya mung ngener jatining sedya anyangkul sesanggeman lan lelabuhan utama.
Sapa kang pantes nampa wahyu? Bab iki isih dadi cangkriman sing durung gumathok batangane. Prayogane disekseni wae, sapa sejatine satriya lan kepiye babare lelakon iki.

Komentar
Posting Komentar