Cakepan Ladrang Slamet



Ladrang Slamet
1.       Parabesang smara bangun
Sepat domba kali oya
Aja dolan lan wong priya
Gurameh mora prasaja

2.       Garwa sangsindura Prabu
Wicara mawa karana
Aja dolan lan wong priya
Pranyata asring katarka

3.       Sembung langu mungging gunung
Kunir wisma kembang rekita
Aja nggugu ujanira
Wong lanang sok asring cidra

4.       Gentho geng kang mungging gunung
Jawata pindho harjuna
Jaman mengko kawruhana
Wong lanang keh ngamandaka

Komentar