Google+ Badge

Minggu, 15 September 2013

Panyandra Pengantin



Sasana Pawiwahan
Tuladha Panyandra Sasana Pawiwahan
Rep sidhem premanem tan ana sabawaning walang salisik, lah puniko pratandha bebukaning panyondro, satuhu katah papan ingkang edi, papan ingkang endah lan nengsemaken, anangeng mboten kados edi lan endahing sasana pawiwaha.
Gapuraning pawiwahan rinenggo edining rerenggan janur kuning, sinonggo ing pisang raja, cengkir gading, tebu wulung, pari sawuli, sekar  sarto wohing kapas, ron opo-opo, suket alang alang, miwah roning kaluwih, ron waringin sarencekipun, pengaron ingkang isi sekar setaman ingkang wasito sinandhi.
Wimbuh amilangoni sarono pawiwahan kang pinajang dlancang rinonce, wilis, seto, rekto miwah kresno.
Rerengganing pahargyan saweneh, wonten ingkang awujud dlancang rinonce, pinatut ingkang maneko warni ingkang pito jenar kacondro kadyo podang binorehan, ingkang warni rekto yayah wukir kawelagar, ingkang biru moyo-moyo  pindho situbondholayu, dene wilis kawistoro ijo royo-royo kadyo pantun ingkang nembe gumendung, ingkang seto sumorot suci wening pindho sunaring mutyoro, lembak – lembak katiup maruto, ebah – ebah kadyo tirtaning talogo adi.
Satuhu lambanging kaweningan, mugi nyawabono dateng sri temanten ingkang arso ngambah alam bebrayan, mugi kagungono raos sumeleh, miwah nengenaken kasabaran, pindhane gulu bengawan weteng segoro, kang sarwo sarwi amomot sakaliring reh,

Panyandra Tamu

Sinigeg ingkang cinondro gantyo kang cinarito..
 Sinatriyo pundi to ingkang ka eko adi doso purwo eko marang sawiji, dasa sapuluh, purwo kawiwitan, satuhu katah titahing sukmo, nanging satus tan jangkep sedoso yen sedoso  amung sawiji, kang kasinungan budi utomo, budi utamaning kang sinatriyo mboten kadi luhuring budi pamengku gati.
 Satuhu priyagung ingkang lurur kawibawane, jembar pacopane, bebasan suket godhong dadi kadang , kalawan wrekso adoh dadi samyo mentelung, dadyo cerak samyo hamentiung.
 Ingkang adoh dadi sanak, kang cerak samsoyo sumanak, milo datan nggumunaken bilih ing wanci meniko poro tamu sampun bek amblabar hangebeki pahargayan.
Prasasat linobong ing penggalih ingkang dahat suko amarwoto suto tumanduk ingkang ndaweg mangun bujo, kadi kelem karoban ing memanis sinanding kastubo manik.
 Kapanduking raos ingkang dahat tumenem ing kalbu, saksono ambuko osiking penggalih/driyo, deniro sumengko pangawak  brojo, lir keplasing warasto lungit, prentuling parasdyo miwah esthining prayojono, tan ono liyan amung doyo-doyo denirarso asung swagoto, manembromo atur pambagyaharjo, kunjuk sagunging para tamu minulyo.
 Amung kewolo, awit saking berag birawaning penggalih ingkang dahat amoro suko, sakolo legeg putek, buneg jroning wardoyo, sanadyan saklimah tan kuwowo medhar pangandikan, awit amung kandheg wonten ing tenggak.
Mangkono pangudasmaraning driyo ingkang kawijil kanthi aris, sinawung lukitaning tembung manis, manuhara kebak ing sagowara :
“ Dhuh …sahyaning para tamu ingkang anggung sinunggo ing akrami, sepinten tho gung berawaning manah kulo ing kalenggahan puniko, awit sampun kapatedhan ing sih, kabelabak luhuring budi dharmo saking andiko sadoyo, ingkang samput kasdu minangkani sarining serat sedhahan,  kepareng anjenengi anggen kulo netepi darmaning werdho, mangun bujo kromo, amiwoho suto, amahargyo siwi,  inggih awit saking lumebering sih kadarman miwah lumintuning darmastuti saking andiko sadoyo puniko, mugi pikantuk lelintu ingkang satraju saking Gusti ingkang Maha Mirah, sarto agenging panuwun kulo ingkang mboten saged cicitro ing ukoro, mboten sanes amung dahat katedho kalinggo murdho…..
“ Dhuh..darahing budoyo ingkang sampun kontab saindenging rat pramudito, lubering sih dharmo saking andiko sadoyo, ingkang sampun kepareng jumurung ing karso , suko pepuji mangastungkoro andyanono dhumateng anak kulo penganten kekalih, ingkang sampun widagdo anambut guno talining akrami, satemah jumbuh ingkang samyo ginayuh, sembodo ingkang samyo sinedyo, lestari ingkang samyo kaesthi, hinayuwan dening Gusti ingkang Maha Hayu, humiring puji miwah pangastuti hayu hayu rahayu ring ulah ahayu…

Medaling P. Putri

Tuladha atur pranatacara medaling pengantin putri ngadani upacara tedhak jumenengan :
Binarung swaraning pradangga munyo hangrangin, hambabar  ketawang puspo warno, ana gandha arum amgambar katiyuping samirana mandha, kawistoro jengkaring sri atmaja penganten putri mijil saking tepas wangi, tepas mengku wredhi papan ingkang wangi wus hangarani, ateges milil saking panthi busono nedyo humarak sowan wonten ngarsanipun para ingkang kunurmatan, rawuh manjing salebeting sasana riningga kinanthen panjenenganipun………..
Sri panganten putri hangagem busana ingkang sarwo retno hangembo busananing garwo noto, katon pating nggalebyar pating pancurat kalamun kasaru sunaring pandam kurung ingkang hangrenggani sasana adi, pan yayah kartiko hasesilih prenah.
Hangagem puspito rinonce ing ukeliro sinampiraken wonten ing pamidhangan kanan, lamun katiyubing samirono manda kongso gandane hangebeki wisma pawiwahan.
Endah edining busana, bamimbuhi gandes luwes solah bawane, lamuntho cinondro ical sipating janmo sawantah pan yayah bathari suwargo loka ingkang tumurun.
Tindakiro sri atmojo temanten putri hamucang kanginan, lengkeh-lengkeh pindho singo lopo, sapecak mangu satindak kendel, pangudasmaraning driyo ingkang dereng kawijil ing lesan, hangrantu praptaning mudho taruno minongko gegantilaning nala.
Wus handungkap prapto ugyan ingkang tinuju, putro temanten putri nulyo kalenggahaken wonten ing sasana rinenggo, hanggrantu laksitaning adicara ingkang sampun tinamtu.
” Menawi dereng cekap saget maos Tulodho panyandra jumenengan I lan II “
Kalajengaken Upacara medaling pengantin kakung

Medaling P. Kakung

Tuladha atur pranatacara wonten ing adicara medaling pengantin kakung saking wisma palereman :
Poro rawuh sekaliyan ingkang winantu pakurmatan, langkung langkung dateng priyagung lan poro sepuh ingkang mahambeg dharmo, pono ing pamawas, miwah lebdo ing pitutur,
Prasasat linobong  ing manah ingkang dahat suto amorwoto suko, dupi anggenipun anguningani yen ta sajroning sasana pawiwahan, kawuryan  kebak luber ambelabar sagunging pro tamu kakung putri, lenggah satoto pepak sinarojo.
Binarung pradonggo munyo angrangin, ono gondho angambar arum ngabeki jroning sasana pawiwahan, nulyo, kawuryan ono tejo angenguwung mowo probo, gebyar gebyar mowo tejo anelahi, sumambirat pindho soroting baskoro ingkang  mijil ing wayah gagad rahino, kumenyar mowo prabowo kentar kentar winor  gondhowidho, sumirat ambabar tejo moyo, soyo dangu soyo cetho, saya caket saya ngalela, pranyoto puniko candrane tementen kakung, ingkang binayangkare mijil saking wismo palereman, kakanthi manjing sasana pahargyan.
Mubyar mubyar busananing penganten kakung kang wimbo busananing narendro, lamun kadulu saking mandrowo katon agung mrabu hamrabowo, agung tegese kebak ing kaendahan kang sanyoto adi luhung, dene mrabu apindho jejering narendro kang kawiwoho nucwring sajugo, mrabowo tegese sinung kawibawan, kaprabawan adi endah milangoni.
Dampyak dampyak ingkang samyo lumaksono, mbinayangkoro temantene kakung ingkang ngembo busananing narpati, pinayungan songsong agung ingkang kawastanan songsong agung tunggul asmoro.
Ingkang samyo nginarebeg pinaragan dening poro kadang sentono, sutresno, sumitro miwah wargo wandowo, ingkang sampun rilo dados bebarisaning pengombyong ingkang kedah tutwuri mbinayangkare.
Tindakiro lengkeh lengkeh anyardulolopo, lambehan kadi merak kasimpir nenggih mblarak sempal, sarirane amraboto nenggih hangringin sungsang,
Sembodo ing driyo, tan mengkoh ing pakewuh, yekto yen tamtomo, sumboho wirotomo prawiro jayeng palugon, tatag, tangguh, tanggon lan tanggung jawab. Milo lamun kacondro kasosro, kadi senopati ing narendro ingkang arso tedak siniwoko, lenggah ing dhampar dento.
Prapteng dwiwaraning pawiwahan, naliko semono temanten kakung dahan ngunguni werdoyo, dupi nguningani rerengganing pawiwaha. Kang dumadi saking pradopo monco warno
” Saged katerasaken nyondro papanpawiwahanutawi porotamu, menawi dereng cekap..”
 Kandeg lankahnyo putro temanten kakung ing dwiwaraning pawiwahan, dupi wus tinoto titi tataning gati, sigro jumangkah winang sroyo pametuking sekar cepoko, amurweng kondho dumateng kang sampun kapiji.

Gantalan, Wiji dadi, Sinduran

·         Tuladha atur pranatacara wonten ing adicara panggih pengantin sawat gantalan :

Wus dumugi wahyaning mongso kolo dumawahing kodrat, saking panguaosing Gustu ingkang Moho Wikan, Welas, Tresno lan Asih, naliko semono ono titahing Gusti kang asipat jalu lan wanito, ingkang sumedyo netepi jejering agesang ngancik ing alam bebrayan, amestuti ilo-ilo ujaring poro kino ingkang dahat pinundhi pundhi, sarto angleluri laksito harjo nulad edi endahing budoyo, nulodho budoyo kang sarwo sarwi adi luhung, tumuju dateng kautamen.
Dhampyak – dhampyak poro kadang wandowo ingkang samyo hangayap tindakipun putro temanten kakung , kandeg sawetawis sareng dumugi dwiwaraning pawiwahan.
Gantyo kang winursito…
Ingkang jengkar saking sasana rinenggo, anenggih puniko warnanipun temanten putri , kinarebeg sagunging poro – poro ingkang samyo humiring, kinanti myang poro-poro kang wis pinanci.
Dene kang munggeng tut wuri hanenggih warnariro jejoko kenyo tumaruno kalih ingkang ngasto kembar mayang kawasto, kalpataru, dewondaru, joyodaru ingkang kinaryo sarono dauping temanten sarimbit. Tindakiro lengkeh – lengkeh kadyo sarjulo lopo riyak anggajah nggoling, lambean amblarak sempal yayah merak kasimpir,
` Gendhing laras moyo…
Minggah ungeling ketawang laras moyo, tumapaking podo nut wiromo swaraning pradonggo kang munyo hangrangin, rinambang ungeling munggang kang kapiyarso ing akoso.
Kadyo saur manuk anglur selur asung pepuji pangestu marang penganten kekalih, mrih kasembadan sedyo anggenipun bebrayan ngantos dumugi kaki nini, tebih ing rubedo celak ing kanugrahan lan kabagyan
Soyo caket soyo caket anggenipun lumaksono, risang temanten putri dupi wus dumugi papan kang wus sinedyo, sigro kandeg sawetawis, temanten sami apagut tingal, tempuking paningal catur netro, catur wus ngarani papat netro mripat, podo sakolo wonten doyo pangribowo ingkang ambabar karso dadyo sarono pambukaning roso ginaib ingkang tumenem ing sanubari, tempuking pandulu satemah mbabar  raos geter ing telenging nolo

·         Gantalan :

Datan saronto risang penganten putri ambalang gantal, namung sakedeping netro risang pinanganten kakung  mbales ambalang gantal, punopo tho menggah darunanipun gantal ingkang dados bebalanganing putro tinemanten,,?
Gantal nun ninggih suruh ingkang matemu ros, ingkang minongko sarono ambuntel sarananing ganten, suruh tinangsulan ing lawe seto satuhu ngemu pralmpito,
Suruh, jarwo dhosokipun kesusu kepingin weruh, suruh lamun tho pradopo bedo lumah lawan kurepe, nanging lamun ginigit tunggal rasane, sanajan sajugo jejer priyo satunggal mijil wanito, kalamun sampun gambuhing penggalih, manunggal roso cipto miwah karsane, temu ing raos, tinangsulan ing raos tresno ingkang suci, bakal pinasthi dadyo jatu kramane, pinesthi dadi jodhone.
Pambalangiro penganten putri tumuju ing jaja miwah jengku, gantal ing jaja amrih sri panganten kakung darbe raos asih mrih garwo, tumuju ing jengku, penganten putri tansah ngajeng – ajeng ing pamengku, sageto penganten kakung mengku wanodyo dados pangayomaning brayat.
Pembalanging gantal penanganten kakung nering palaraban miwah jaja, tumuju ing palaraban ngemu wasito panyuwun mrih wanodyo mulur ing cipto, dene ing jaja amrih mekaring roso, satemah penganten puri saget menggalih kanthi weninging roso, saniskaraning tumindak miwah wicoro mung  karenak tyasing sasomo.
Purno ambalang gantalan kanthi bombonging manah…..kebak raos ingkang tumenem ing sanubari, kawuryan penganten kekalih wus jajar sumandhing aneng luhuring pasangan linambaran roning pisang rojo, pasemone nyoto lamun daupiro wus pinesthi dadi pasanganiro, kang anggung kinudang kudang, bangkit mandireng pribadi, winimbuh ing kawibawan, lir jejering narendrotomo.
Mandhap saking pasangan, ingkang sarimbit gyo marepeki antigo cinaket ing bokor kencono, minongko wadahing sekar setaman, sakolo ponang antigo tinapak ing podo,,Pyar,,,pecah sanaliko,,pramilo doyo-doyo penganten putri laju ajengku sarwi sumembah mring kakung, purno deniro sumembah gya amijiki samparaning ingkang roko kang winastan ranupodo, ranu wus ngarani toya, podo teges samparan, kang putri mijiki samparaning kang roko kanthi sedyo ngatonaken darmo bekti mring garwo, amberat sawarnaning sukerto, satemah anggeniro lumebet ing alam madyo gesang bebrayan, saged lulus raharjo manggih kamulyan.
Toya perwito kang minongko sarono pambasuhing podo, manunggal mring sekar triwarno, nunninggih mawar , mlati miwah kenongo, gandhane sekar den pepuji amrih ing tembe ngambar arum gandhane risang pinanganten, kuncoro asmane, biso dadi tepo palupining brayat mudho.
Paripurno winijikan samparaniro jinunjung lenggah risang pinanganten putri kebak ing raos tresno asih, pralampitane, risang pinanganten minongko jejering priyo, kasdu ngangkat drajating wanodyo, amrih saget jajar kaliyan drajating priyo.

·         Singep sindur :

Paripurnaning gati kang titi laksono adicoro panggih, lajeng jumeneng jajar putro tinemanten kekalih sandhing kekanten asto, satuhu sajajar drajating priyo lan wanito, sanadyan wanodyo datan nyingkur kodrating wanito minongko garwo, risang pinanganten asro lumampah tumuju ing sasana rinenggo , aloke kang samyo humyat….
Gandheng renteng – renteng kekanthen asto risang pinanganten sarimbit datan ginggang sarambut pinoro sosro, sarwi singep sindur ingkang awarni rekto miwah seto deneng romo ibu, kanthi pangajab bebrayaning putro sarimbit  tinuntun ing rehing kautamen, pinanggiyo ing budi rahayu linambar raos tresno, rhosa, tepo, sembodo lan kumawuluh, Wani ing bebener, ajrih ing kaduragan lan kanistan,
Kadyo rojo myang prameswari arso tedhak siniwoko lenggah ing dhampar dento, sapungkurnyo risang penganten inggih bapak-ibu………..suko reno ing wardoyo bapak – ibu…………dupi wus biso ngentasi wajibing wredho molokrama aken putro pinanganten sarimbit nun inggih kang ahayu roro………kaliyan sang abagus ………priyo kang mijil saking tlatah………satuhu putro kekudanganipun bapak-ibu……, wus widagdo nambut guno talining akrami risang pinanganten, kanthi nopokhasmoni pustoko pikukuhing polokromo tumapaking adicara ijab ing dinten…….suryo kaping mapan ing ………..ing wanci meniko mestuti tatacara adiluhung kanthi nindaaken adicara panggih.
Poro kadang samyo tutwuri mring tindakiro risang pinanganten, jumurung mring karsaniro risang pinanganten, anggeniro darbe karso mangun bale wismo, mangun kulowargo, mugi ing tembe enggal saged antuk kamulyan gesang, atut runtut reruntungan kadyo mimi lan mintuno, saking dunyo dumugyo delahan.
Sampun tumuju ugyan kang tinuju nenggih risang pinanganten wonten ing sasana rinenggo , gunging panuwun dhumateng poro tamu ingkang sampun suko pakurmatan tumapaking adicoro panggih, kepareng lenggah ing sasana sakawit,
Kawuryan sri pinanganten sampun lenggah ing sasan mulyo , suko ing driyo risang pinangantyan putri, ginontho ing wardoyo, kadyo puspo warnane.

Ngunjuk Degan & Bobot Timbang

·         Tuladha pranatacara mlebet adicara ngunjuk dwegan :

Ngunjuk dwegan, mengku suraos kekudangane poro winasisi, lan poro sepuh, mugi – mugi temanten enggal kaparingan pracimo ingkang bangkit saged toto jalmi, utawi momongan awohing apolokarami, sinartan ginadhang  mugi sri temanten saged nuwuhaken kautamen ingkang suci pantes tinulad dening bebrayaning sesami.
Kalamun risang temanten badhe necep maduning asmoro janmo, manunggalaken ing roso, roso sejati sejatining roso, satemah mijilaken komo warni seto saking pokaling bapa, miwah komo warni rekto saking pokaling reno, ing tembe saged mbabar putro kang minongko rerengganing balewismo,
Ugi dados pratondho, kalamun sedoyo tumindak miwah muna muni badhe kapenggalih kanthi weningin nolo, satemah amung rahayu kang bakal tinemu, kados unen unen : “ Ajining dhiri gumantung lathi, Ajining rogo gumantung busono, Ajining awak gumantung tumindak ”.

·         Tuladha atur pranatacara mlebet adicara Bobot timbang :

Jangkeping adicoro panggihing risang putro tinemanten sarimbit kalajengaken adicoro bobot timbang.
Penganten kekalih kapangku dening kang romo kanthi astho kekelih, karangkulaken ing pamidhanganipun tementen sekaliyan,Sineksenan dening ingkang ibu miwah poro- poro ingkang humiyat, punopo malih poro sepuh ingkang mahambeg dharmo, prasemonipun bilih romo ibu kekalih sampun satraju mengestoni, lan jumurung puji hastawanipun dhateng dhaupipun temanten sekaliyan, kanthi sampun mboten badhe emban cindhe emban siladan, anggenipun angrengkuh dhumateng putro temanten sekaliyan, putro kekalih karengkuh kados yugo piyambak, mboten wonten pundi ingkang sinebat putro mantu sadoyo kaanggep sami.

Kacar Kucur, Dahar Kembul, Ngunjuk Toya Wening

·         Kacar kucur :

Panjenenganipun poro tamu kang mahambeg luhuring dharmo kakung sumawono putri, pinaringan sih wilasitaning Gusti kang Moho Agung, Temanten sekaliyan sampun kalampahan panggih, kaparengo gyo ngadani adicoro tonpo koyo kacar kucur.
Kacaryos dupi wus ngancik ing titi laksono, penganten kakung gyo jumeneng ngasto tilam lampus, isi wos kapuroto jowo kethos polowijo sekar ponco warno miwah arto receh, kasuntak ing pangkoning kang garwo, katadahan katampi mawi sindur ingkang awarni rekto
Guno tompo koyo kyai ambarsejati nenggih risang pinanganten kakung paring tompo koyo mring nyai ambarsejati nenggih risang pinanganten putri, guno tompo koyo pralambang  tanggel  jawabing priyo.
Minongko tetunggaling kulawargo darbe  tanggel jawab nyekapi sandang  baga ing kulawarga, tanpa kaya kacang kawak, dhele kawak, jagung kawak, won jenar, arto pralambanging boga, wastra, miwah hartaka, mugi risang panganten ing tembe kacekapan sandang baga.syukur bage  pinaringan kesugihan, lamun pinaringan kesugihan sageda lumeber mring para kadang sentana tangga tepalih.
Kawuryan risang pinanganten putri nampi tampa kaya datan wonten ingkang marebel sanajan kang sajugo, mratandhani dados wanodyo ingkang gemi nastiti, surti  tur ngati-ati.
Asiling tonpo koyo laju katitipaken mring wanodyo kang pinitados rumekso kawidagdaning tanpo koyo nun inggih ingkang ibu…………paripurno nitipaken tonpo koyo, pinanganten sarimbit wangsul ing sasana sakawit, nenggih sasa na rinenggo.

·         Dhahar  Kembul :

Tumuli risang pinanganten nindaaken dhahar kembul, dhahar nedo kembul yo wus ngarani sesarengan, pralambang sageto tumangkep manggih sing katresnanipun temanten kakung putri, jumbuh ingkang ginayuh, sak yek sak eko karti sembodo ingkang sinedyo, rengganeng boso ngatem sinebat manunggaling karso marganing mulyo

·          Ngunjuk toya wening :

Paripurno dhahar kembul, sri pinanganten sarimbit ngunjuk toyo wening, dadi pratandha, kalamun risang pinanganten badhe necep maduning asmoro janmo, manunggalaken ing roso, satemah mijilaken komo warni seto saking pokaling bapa, miwah komo warni rekto saking pokaling reno, ing tembe saged mbabar putro kang minongko rerengganing balewismo,
Ngunjuk toyo wening ugi dados pratandha, kalamun sedoyo tumindak miwah muna muni, badhe kapenggalih kanthi weninging nolo, satemah amung rahayu kang bakal tinemu, kados unen – unen, ajining dhiri gumantung lathi, ajining raga gumantung busono, lan ajining awak gumantung soko tumindak.

Methuk Besan

·         Tuladha atur pranatacara mlebet upacara methuk besan :

Sampun sawetawis anggenyo jumeneng ing wiwaraning sasana wiwoho panjenenganipun bapak – ibu…………, tumuli salajengipun bapak – ibu……….badhe mapak ingkang beksan, kalamun pinanggyo age-age ingkang hamengku gati ngaturaken pambagyo kawilujengan,
Wus jengkar saking plenggahaniro bapak-ibu,,,,,,,,arso mapak ingkang beksan bapak-ibu………sampun antu-antu praptaning kang besan, arso mbage kabagyan awit dhauping putro temanten, naliko samono lumaksono bapak-ibu……..tansah suko ing galih, kacihno esem tansah sinunggih ing lathi, satindak tumuleh manganan, sapecak tumuleh mengering, lamun rinumpoko kadyo asung pambagyo mring poro tamu ingkang minulyo.
Sampun pinanggyo ingkang bebesanan ing wiwaraning sasana wiwoho, ingkang bebesanan samyo ajejawat asto, bapak – ibu………ngaturaken kawilujengan.
Sugeng rawuh dhumateng ingkang beksan bapak-ibu…………ingkang rawuh saking tlatah……..
Anggeniro lumaksono poro ibu wonten ing ngarso, poro bapak  wonten ing pungkur, meniko dados pratondho, kalamun poro priyo suko pangayoman marang poro wanito, poro priyo suko panjurung tumindaking poro wanodyo kang datan nalisir saking paugeraning kautamen.
Wus gambuh penggalihiro ingkang bebesanan, suko reno ing driyo dupi uningo ingkang lenggah jajar ing sasana mulyo, langkung – langkung poro tamu ingkang sampun lenggah pepak sinarojo, paring pangestu dhumateng risang pinanganten, den gegadahang amrih ingkang putro kang lenggah ing sasana mulyo, satuhu bakal mulyo uripe, nemu kagabyan lang karaharjan, kepareng ingkang besan kadereaken lenggah ing sisih keringiro risang pinanganten, paripurno ngaturaken palenggahan pakurmatan dhumateng ingkang beksan, bapak – ibu ……wangsul ing sasana sakawit.

Sungkeman

Atur Pranatacara wonten ing adicara sungkeman pengantin :
Poro rawuh kakung putri miwah saguning poro sepuh ingkang mahambeg dharmo, dupi sampun paripurno titi laksono adicoro panggih miwah tonpo koyo, kaparengo ngrumpoko dhumateng adicoro sungkeman. Dhuwung kalolos dening panjenenganipun bapak…………awit badhe atur pangabekten dhumateng pinisepuh milo datan prayogi lamun asikep gegaman. Arih tindakiro sri pinanganten sarimbit  lumarap marak sowan ing ngarsanipun romo saha ibu, kekelihipun kanthi kapratitisaken deneng panjenenganipun bapak – ibu….
“ Hung wilaheng ngawi genam emas punomo sidhem,,
Penganten kakung wus jengkar saking dampar dento kursi rinenggo, anganti ingkang garwo lumarap ngabyantoro myang kang poro pinundhi, nenggih romo dalasan ingkang ibu, lampah jengku bebasan soto matarangan, esthining penggalih amung sumedyo sumungkem dhateng padanipun ingkang  romo ibu, sigro tumungkul yayah konjem pertiwi wadanane temanten sarimbit,
Tangkepeng asto sarwo sumembah ing jengku ering kanan, sinartan eninging cipto rumasuk ing sanubari, anyuwun rumentahing pudyo hastowo saking romo miwah ibu, mring esthining driyo deniro bebrayan, tansah manggih kanugrahan, kabagyan lan kamulyan saking Gusti kang Moho Welas lan Asih.
Dupi sinungkeman ing pepadaniro ingkang romo miwah ibu, datan biso ngunandhiko, kadyo sinendhal mayang bathine, sumedhot ing galih, dhene putro sing linairake saiki wus dewoso arep mangun bale wismo, datan karoso trenyuhing nolo akaryo tumetesing waspo lamun kacondro kadyo mutyoro rinonce, ingelus – elus pamidhangane ingkang putro, ingusap – usap rekmane, ingaras kebak ing raos tresno asih.
Punopo tho menggah darunane…..?
Jro sumungkem anguswo pepadane ingkang rama ibu, penganten anggung enget marang purwaning dumadi duk rikolo linairake aneng jagad pepadhang, ginadhang gadhang kinudhang kudhang wiwit alit sahinggo dewoso,
Enget marang romo ingkang wus sembodo angukir jiwa ragane miwah dadyo lantaraning tumuwuh.
Enget marang ibu ingkang wus kuwowo dadyo papaning yugo broto salebeting nawa candra dasa ari, sarto anglelinthing anggulowentah wiwit kalane ing ngguwo garbo nganti tumekeng akhir  dewoso, rumaos menawi ageng sanget anggenipun katah dwusanipun dateng romo ibu lan kapetangan budhi. enget kapan saged atur piwales.
Eling – eling risang panganten wiwit timur mulo anggung ginunggung mring pepoyaning kautamen, amilo namung sakedhep netro wus bangkit angusadani onenging nolo, nadyan anandhang sungkowo cekap ing samudono.
Waspodo ing semu dupi anguningani bilih ingkang putro deniro karantang galih, kadyo kawijil pengendikane aris kang kebak ing wasito adi, makaten tho umpamiyo kawijil ing lesan . :
“ Duh anaakku ngger temanten sakloron….
“ Duk kalane isih cilik siro dak kekudang yen tho dewosomu biso winengku dening satriyo tomo / wanito tomo, ingkang sembodo hangayomi jiwo raganiro ing mengko tumekeng delahan, ing kalungguhan iki, sepiro tho lego bungahing atiku dene kekudanganku jebul wus dadi kasunyatan, kang menkono lelungsen dak bebekali, kanthi dak suwunake kamurahaning Gusti ingkang Moho Agung, Pangestune romo ibu marang siro sakloron bebasan tansah anglur selur pindho ilineng narmodo, mugo nggeniro polokromo biso tuwuh hangremboko, nganthi tumekaning kaki nini, alandesan dharmaning roso tresno kang hangremboko, binarung lan pangestune romo ibu kang wus satruju dumurungi marang polokaramamu , biso atut saruntut kadi mimi lan mintuno, mugyo tansah manggih kabagyan miwah kamulyan, tebih ing sukerto lan godho rencono, sarto dak sesuwun ing rino pantaran ratri, mugi enggal antuk talining brayat , yoiku wujuding pratimo ingkang bangkit biso toto jalmo, ingkang datan liyo momongan minongko rengganing bale wismo lan talining bebrayan “.
Dupi wus paripurno anggenipun sungkem pangabekten dateng padanipun romo-ibu, temanten lajeng kanthi kebak toto lan kasusilan, subositaning putro dateng tiyang sepuh, jumangkah lon-lonan arso nglenggahi dhampar rinenggo ingkang kasosro sarwo sarwi edipeni.
Opo tho rerengganing dhampar…..?
Rerenggan tarub kajawi janur kuning ingkang karenggo adi, ugi kawistoro sawenehing tetuwuhan miwah puspo rinonce , kadi tho tetuwuhan wulung cengkir gadhing dwegan wilis, gedang mas sarakit, sinonggo pisang rojo ron kemuning, pari wulen sak angkan pinoro kalih, jagung otek, godhong moyo, godhong opo-opo, miwah sekar kenongo, mawar melati ingkang ajrah jroning babut permadani, kongas ngambar arum gandane ginondho gondho jebat kasturi, punopo tho werdining tebu kang kadayang saking antebing kalbu, tiyang sepuhipun kekalih, sampun sumedyo agolong agulung, sumedyo bebesanan ingkang sinambet kaliyan raos kencenging pikir,
Ingkang pangajab panganten tuwuh tumuwuh, tumangkar gampil anggenipun nguladi guno koyo, manggiyo kalanggengan ing sugengipun, satemah ngambar arum ing asmo pindho sekar kemuning, lan saged dados pangayomaning poro sanak sederek, kadang pawong sumitro, raharjo kalis ing saporo-poro, tebih ing sesuker talak panyendhu.
Yayah suryo kembar candrane, penganten sarimbit milo cingaking poro-poro ingkang samyo humiyat, pindho bathoro komojoyo ngejowantah ingkang sarimbit kaliyang ingkang garwo bathari kumoratih, gesang reruntungan  wiwit saking madyo podo  ngantos dumugyo alam janaloko, rukun sayuk pindho gesangipun mimi lan mintuno, menawi kacondro ing jaman purwo, kadyo brayanipun risang pamadyaning pandowo risang harjuno kaliyan putri dewi woro ireng yo woro sembodro, kasanepo ing jaman madyo kadyo dhaupipun risang panji asmoro bangun kaliyan dewi sekar taji, putri ing beboyo ing kediri
Kacondro ing jaman mojopahit, kacondro kadyo prastyanipun raden damarwulan lan ingkang garwo dewi anjasmoro,
Kathah pangrumpoko lan penyondro ingkang pantes kagem penganten ingkang sayekto sampun satraju, kawiwoho kapahargyo lenggah wonten ing pasewakan, pramilo dateng pinisepuh, poro sutresno lan poro priyagung, penganten amung nyuwun sih pariwirmo, kaparingo pandungo pengesti, miwah sakatahing wursitoworo, kangge sangu miwah dedamar gesangipun penganten, anggenipun arso lelangen ing bebrayan agung, mugyo kekalihipun saged awatak momong, momot, momor, mursid lan murakabi, momong mengku pamrih sageto tansah ing ngarso sung tulodho, ing madyo mangun karso, tut wuri handayani, momot tan gampil serik lamun cinacat, ugi mboten gampil bombong menawi kaalembono, momor gampil ing pasrawungan, mursid landep panggraitane, mboten cengkah kaliyan jejering kautamen, murakabi lir ipun mboten kalajeng nyekapi betahing priyonggo kemawon, nanging ugi sageto yrumambahi ing asanes,
Jumbuh kaliyan wewaton dhasaring negari, nun ninggih ponco silo ingkang satuhu luhur.
Wasono cekap semanten agrumpoko, janturan kagem jejering penganten ingkng nembe kawiwoho, wiwit panggih, kacar kucur ngantos dumugineng sungkeman, pangalembono miwah panyaruwe kasumangga aken dhumteng poro tamu, damar mancung cinukep semanten, lan jenang selo wader kali sesonderan, apuranto yen wonten lepat kawulo,
Nuwun.

Jumenengan 1

Janturan Tuladha panyandra kangge hanyarengi Upacara Jumenengan :

Hung wilaheng ngawi genam ..
Hung wilaheng emas punomo sidham , emas tu sirat sirat tondho uwisesaning bisono sono sinawung langen wiroto, rawat rawat rinumpoko anenggih panthi pundhi kang kaeko adi doso purwo, eko sawiji doso linuwih purwo wiwitan, panthi wus ngarani sasana papan pramilo sinebating papan sewu datan jangkep sadoso, satus tang jangkep tigo.
Senajan katah bale wismo ingkang aben cukit tepung taritis, jejel riyel riyel wismo ginupit adu pager nunggal plataran, nanging mboten kadi ing dalem yo wismane  kang hamengku gati, sanajan sanghyang suryo condro, katemben ngemengaken bodro irawan, kadulu saking mandrowo panti kang kacarios,  katawis sumorot kadyo wayah gagad rahino, pating glebyar pating kaluncar mowotejo hanelahi, awit saking doyo pangribawaning putro panganten, sawetoro denyo lenggah sri temanten wonten dhampar  rinenggo, kinebutan patah sakembaran kawuryan yayah narendro kang ndaweg siniwoko, mawi lareng manyuro
Kongas ngambar gandaniro ngambar arum ngebaki sasana pahargyan, sarwo abyor gumebyar busanane, endah asri rarah kawuryan, lah pun puniko candranipun penganten :
Penganten kakung ngagem makutho kanigoro kininepit rukmi ginepeng pinatek retno kumolo, sesumping sekar kanthil, dhatan kantun ngagem sangsangan kencono, ingkang kinaryo rebat asri kaliyan sangsangan puspo rinonce, mungwing jonggo lumebering pamidhangan, kawuryan ngeglo sasat taksoko ingkang mijil saking situ bondolayu, wimbuh akaryo pantese temanten kakung, ageman warni kresno sinulam ing benang prodo kencono, pating clorot cahyane sumunar katon tejane, paningset cindhe sabuk baludru, wangkingan warongko ladrang ukiran nunggak semi, dhuwung rinenggo puspo rinonce, ebah ebah kinaryo lumaksono, kadulu hamimbuhi pekik warnane penganten kakung, nyamping sido mukti pinarodo kencono, kembar kaliyan ingkang garwo pratondho, lamun sumedyo gesang sesarengan nggayuh kamukten lan kautamen ngantos kaki nini.
Sedeng dedeg piadege amantesi, sembodo genging sariro, solah bawane nansah nuju prono, lah puniko warnane penganten putri.
Dhasar karenggo busono kang sarwo sarwi edipeni, anom dhasare ruruh ladak pasemone, sulistyo rupane indah warnane, opo tho busanane… ?
Ngagem cecundhuk wulan tumanggal tinaretes sesotyo, pinatutu kelawan cundhuk mentul ingkang tansah ebah ebah kinaryo lumaksono, kacondro pindho wong ayu kang awe awe kekasihe, ukel rinenggo kanang puspito endah kawuryan asri dinulu, sangsangan rukmi ginepeng kinaryo tibo ndodo, pinatik sesetyo satuhu akaryo pingine ingkang samyo humiyat, busono landung awarno langking, sinulam ing benang kencono kembar podho kakunge, kacetho lamun penganten sekaliyan wus satruju boboteng katresnan, kacondro pindho gagak raton gagak wus ngarani kukilo kang awarni langking  raton podho royoman, milo jroning siniwoko tansah kawistoro pepuletan, lenggah jajar datan genggang sarambut pinoro sosro.
Dhasar tir podo irenge ,,,sir podho senenge, lamun kacondro endahing penganten putri pindho sulistyaning rojo putri kang ndaweg manjing ing ndatuloyo, dedeg piadege pidekso nenggih hangringin sungsang, kulit kadyo mas sinangling rikmo memak ngembang bakung ngandan andan anut ombaking  narmodo, jonggo ngolan olan pangarasan duren sajuring, wojo roto lir miji timun grono angrunggih, lati manggis karengat, palarapan nan nelo cendhane idhep tumenging tawang, imbo njalirit lir wulan tumanggal talingan nderesti hanyamur kuping, ati ati ngudup turi setyo kawistoro angidit ndamar kanginan nenggih blalak blalak bawang sebungkul, idhep tumenging tawang pamidhangan nraju mas lengen nggendewo pinentang, pucuking racikan amucuk ri pupus puspito payudoro nyengkir gading, pocong manjange lan bangkekan mengkik mengkik nawon kemit, pupune ngembang pudak sukune anyuthang walang jejempolane sikil tinoto pindho sirae ulo cabe, dhasare wong ayu.
Kaladuking angrumpoko umpomo penganten iku pradopo prasasat suruh lumah lawan kurepe, bedo wujude parendene lamun ginigit  podho rasane, sajugo jejer priyo satunggal jejer wanito, nanging kekalihe wis manunggal tekad tinapi cipto, roso budi miwah karsane, arso wetah anggayuh marang utamaning gesang wonten bebrayan agung, ing cipto nyawiji jroning jejodhoan wewaton rumongso handarbeni, hangrungkebi mulad sariro hangroso wani, layak yen kadi mangkono lekase risang temanten, tetelo bangkit ing tembe dadyo tepo palupining  bebrayan,
Ngagem kebayak landung rinenggo benang apindho saloko, katingal menawi penganten putri nengenaken toto krami, lan kiyat dadyo wadhahing wewadi, biso setiti, gemi, nastiti, surti lan ngati ati, jumbuh kaliyan ungeling ketawang sri narendro.
Temanten kekalih lenggah ing dhampar rinenggo kaapit awororo kalih, ingkang dadyo pangapiting penganten nenggih ingkang kawasto patah sakembaran, kembar busono kembar dedeg piadeg kembar solah bowo miwah kembar warno.
Umpami kacondro sang patah sakembaran pindho bethari waruju kang angejo wantah, samyo gegojegan parandene datan saru lamun dinulu,
Poro pamiarso kapunggel semanten rumiyen condro jumenengan, kito lajengaken condro salajengipun lumantar gendhing sri widodo.
Nuwun.

Jumenengan 2

Janturan Tuladha upacara jumenengan pengantin tulodho 2

Nuwun poro sesepuh, poro tamu ingkang dahat minulyo, salejengipun rumpoko penganten anggenipun jumenengan kito lajengaken.
http://kidemangsodron78.wordpress.com/wp-includes/js/tinymce/plugins/wordpress/img/trans.gif?m=1207340914gHo.ng….rerenggo edining rerenggan, janur kuning ingkang kinaryo satuhu wasito sinandhi, lire kang wasito dhauping temanten muhung dadyo sarono talining brayat kang awoh karukunan, ingkang tansah tumareming raos tresno asih rukun kadyo mimi lan mintuno, tebih ing sok serik  tukar padu lan tetengilan, pepasren pahargyan saweneh wonten ingkang  awujud dlancang rinonce, pinatut ingkang maneko warni, wonten wilis rekto, pito, seto miwah kresno, ingkang pito jenar kacondro pindho podhang binorehan, ingkang rekto yayah wukir kawelagar , ingkang wilis kawistoro ijo royo royo kadyo tanem ingkang ngedeng gemendung, ingkang pethak pindho sunaring mutyoro, ingkang milo kawistoro moyo moyo pindho situ bondholayu, dene ingkang awarni langking pindho pogho kresno sarporo kaesthi,
Lembak lembak katiuping maruto mondho, ebah ebah kadyo tirtaning talogo adi, satuhu lambanging kaweningan, mugi nyawabono sri temanten ingkang wusnyo ngambah alam bebrayan, mugi kagungono raos sumeleh miwah nengenaken kasabaran, pindhane gulu bengawan weteng segoro kang sarwo amomot sakaliring reh, rerengganing tarub kajawi janur kuning ingkang karenggo edi, ugi kawistoro sawenehing tetuwuhan miwah puspo rinonce, kadi to tetuwuhan tebu wulung cengkir gadhing  dwegan wilis , gedang mas sarakit sinonggo pisang rojo, ron kemuning pari wulen sa angkan pinoro kalih, jagung otek  godong moyo  godhong opo opo  miwah sekar kenongo mawar melati ingkang agrah jroning babut pramodane, kongas ngambar arum gandhane ginondho gondho jebat kesturi.
Punopo tho werdhine tebu, kadayang saking antebing kalbu tiyang sepuhipun sampun sumedyo agolong ageleng, sumedyo bebesanan  ingkang sinambetan kaliyan  raos kencenging pikir, ingkang pangajab sageto temanten tuwuh tumuwuh, tangkar tumangkar ,
Gampil anggen ngupadi guno koyo, manggiyo kalangkungan ing sugengipun, satemah ngambar arum ing asmo pindho sekar kemuning, lan saged dados pangayomaning poro sanak sederek kadang pawong sumitro, raharjo kalis ing sakoro koro tebih ing sesuker  talak panyendu.
Yayah suryo kembar candrane, penganten sarimbit milo cingaking poro-poro ingkang samyo humiyat, pindho bathoro komojoyo ngejowantah ingkang sarimbit kaliyang ingkang garwo bathari kumoratih, gesang reruntungan  wiwit saking madyo podo  ngantos dumugyo alam janaloko, rukun sayuk pindho gesangipun mimi lan mintuno, menawi kacondro ing jaman purwo, kadyo brayanipun risang pamadyaning pandowo risang harjuno kaliyan putri dewi woro ireng yo woro sembodro, kasanepo ing jaman madyo kadyo dhaupipun risang panji asmoro bangun kaliyan dewi sekar taji, putri ing beboyo ing kediri Kacondro ing jaman mojopahit, kacondro kadyo prastyanipun raden damarwulan lan ingkang garwo dewi anjasmoro,
Kathah pangrumpoko lan penyondro ingkang pantes kagem penganten ingkang sayekto sampun satraju, kawiwoho kapahargyo lenggah wonten ing pasewakan.
Pramilo dateng pinisepuh, poro sutresno lan poro priyagung, penganten amung nyuwun sih pariwirmo, kaparingo pandungo pengesti, miwah sakatahing wursitoworo, kangge sangu miwah dedamar gesangipun penganten, anggenipun arso lelangen ing bebrayan agung, mugyo kekalihipun saged awatak momong, momot, momor, mursid lan murakabi, momong mengku pamrih sageto tansah ing ngarso sung tulodho, ing madyo mangun karso, tut wuri handayani, momot tan gampil serik lamun cinacat, ugi mboten gampil bombong menawi kaalembono, momor gampil ing pasrawungan, mursid landep panggraitane, mboten cengkah kaliyan jejering kautamen, murakabi lir ipun mboten kalajeng nyekapi betahing priyonggo kemawon, nanging ugi sageto yrumambahi ing asanes,
Jumbuh kaliyan wewaton dhasaring negari, nun ninggih ponco silo ingkang satuhu luhur.
Wasono cekap semanten agrumpoko, janturan kagem jejering penganten ingkng nembe kawiwoho, wiwit panggih, kacar kucur ngantos dumugineng sungkeman, pangalembono miwah panyaruwe kasumangga aken dhumteng poro tamu, damar mancung cinukep semanten, lan jenang selo wader kali sesonderan, apuranto yen wonten lepat kawulo.
Poro pamiyarso miwah poro rawuh, poro sutresno ingkang dahat minulyo sugeng midhangetaken ngantos purnaning gendhing  ……….
Nuwun.
Kirab 1 ( Kanarendran )
Tuladha atur pranatacara wonten ing adicara kirab 1 ( Kanarendran ) :
Dhampyak runtut swaranyo angayut –ayut, lah puniko tho wau swaraning pradonggo, ambabar ketawang langen gito srinalendro, humiring tindakiro sekaring pahargyan pawiwahan nenggih risang pinanganten kekalih, ingkang arso kirab ongko sepisan, saperlu gantos busono kastriyan, ingkang satuhu ilo ilo ujaring poro kino ingkang dhahat pinundhi pundi, sarto angleluri laksito harjo nulad edi endahing budoyo.
http://kidemangsodron78.wordpress.com/wp-includes/js/tinymce/plugins/wordpress/img/trans.gif?m=1207340914g
Sinten to ingkang sinaroyo anawung kridho minongko pangarsaning lampah ingkang sinebat subo manggolo yo manggolo subo,, ? Satuhu puniko panjenenganipun bapak………. Dhasar dedeg pidekso apengawak praboto, sembodo ing driyo tan amengkuh saliring kewuh, bangkit angentasi karyo, kasembuh wiwit naliko timur mulo anggung ginunggung ginolo-nolo inguling marang pepoyaning kautamen, milo mboten nama mokal kalamun to anggeniro kapiji minongko subo manggolo, anggung anengenaken mring kasusilan miwah subosito.
Kautamaning sang subo manggolo soyo ngalelo, kacihno lebdo ing adi endahing kabudayan, katitik anggeniro mangarsani kirabing temanten tumapak pada tinata runtut atut nut wiramaning gendhing, sinawung ebahing asto mangulah langen mataya, kawuryan wadono madhep pandulu tumungkul ing bantolo, sakedhap sakedhap asto angapurancang, jumbuh kaliyan sesanti ing ngarso sung tulodho.
Sawurining sang subo manggolo ana mudho tumaruno lumaksono jajar kalih, ingkang dhahat mabukuh pratondho prayetneng kewuh, sayekti puniko ingkang sunaroyo mangulah kridho minongko yudho manggolo kaprah sinebat talang pati, pratiwo manggolo, ugi winastan satriyo kembar, kaparagan dening kang abagus,,,,,,,dalasan bagus………….
Kekalihipun samyo kembar, kembar ing busono, kembar ing warno, dinulu sasat jambe sinigar, sinaring pasuryan sumunu wenes angilar – ngilar, busono sarwi jenar, pro kenyo kumesar andulu bregase satriyo kembar.
Ingkang tutwuri ono kenyo tanggung andon lampah, tuhu puniko minongko patahing pangantyan ingkang pinaragan putri alit sakembaran, kembar busana kembar warno kembar sariro, kembar dedeg piadeg bebasan jambe sinigar dinulu seje rupane ginigit podho rasane , anggenipun lumaksono sambi gegojegan, parandene datan saru lamun dinulu, kawuryan malah akaryo reseping paningal, candranipun ponang patahing panganten kadi putri andong tinawi nenggih wulan pergi wulan pergi wati, sanadyan paribasan durung tedhas nggeget suruh durung tedhas nggigit jambe, parandene sampun bangkit angarah prono akaryo sengseming wardoyo, ingkang mengkono keno kinaryo pracihno lamun mbenjang dewoso bakal bangkit angentasi karyo.
Gebyar gebyar pating calorot busanane. Endah asri yayah kawuryan, lah puniko chandrane temanten sarimbit, kacondro kadyo daru leleno, opo tho busanane…?
Penganten kakung ngagem makutho kanigoro awarno kresno, pinalipit ing rukmi ginepeng, pinathik ing kumolo retno sesumping sekar kanthil, datan kantun ngagem sangsangan kencono, ingkang kinaryo rebut asri kaliyan sangsangan puspo rinonce, munggwing jonggo lemebering pamidhangan kawuryan sasat taksoko mijil saking situbondolayu, wimbuh akaryo pantese panganten kakung, ageman warni kresno sinulam ing benang kencono, pating celorot cahyane sumunar katon tejane, paningset cindhe baludru wangkingang ladrang ukiran nunggak semi, selut cetho anglelelo sadriji gedhene, pinathik ing sesetyo noworetno, miwah rinenggo puspito adi rinonce satekem gedhene, anglelewer ebah ebah kinaryo lumampah ngegreng mrabu kadulu, nyamping sido asih sinerat rumit angrawit, pinarodo ing kencono tinaretes gumebyar anelahi, canelo werno kresno rinenggeng sesotyo, pating galebyar kinaryo lumaksono, tinon saking mandrowo pindho sirahing naga raja ingkang nuju tapak maruto.
Sinigeng gantyo kang cinarito, kuwung kuwung akekuwung ambabar tejo mandha maya, tejaning risang suryeng ratri, pranyoto lamun tan kuciwo memanise, meloking wadono sumunar angilar – ilar angelam-lami pindho kencono binabar.
Palarapaning penganten putri sinungging pepaes awarni kresno, ireng, meles, menges anjenges pantes, cecundhuk pinetho wulan tumanggal, den apit centhung kanan kering lir peksi jiwo jiwo, cundhuk mentul pinasang titi toto pinatut ebah ebah katiyubing maruto sumilir, kadi kembang dewo ndaru, lamun ginupit ing wardoyo, kadyo astane kenyo sulistyo angawe awe kekasihe, ukel kapetho bokor mengkurep, kapenet ing sesekaran pinilih, siniseg ing sarana kang sarwo manik, amung amimbuhi kasulistyane risang penganten putri.
Kebayak landhung lengkung warnane, ugi tan kari sinulam ing benang rukmo, kaistho sekar tunjung seto, tuhu endah tuhu edi, milo penganten putri datan siwah sekaring kedathon,
Sangsangan mas sinangling carup wor sangsangan sekar melati, ginubah kamulewer maripit ing jojo lir nogo taksoko marepek angalon lampah, sido asih nyampinge  kembar kaliyan kang kakung, pralampito kembar tresnane, kembar bibit bebet bobote, raket supeket akekanthen asto, tan genggang sarekmo, sanepo renggang gulo kumepyur pulut.
Cat kicating podo jumangkah gumebyar dening rerengganing canelo kang satwo sesetyo, asri dinulu kadi wredhu lumaku ing wanci ndalu.
Ingkang lumaksono aning wuriniro salajur sisih jajar kalih, ono kenyo ingkang maksih remojo putri, sulistyo ing warni, mumpuni ing kardi, dhasar merak ati atut panembahe ing Gusti, angrungkebi jejering wanito jati yo sejatining wanito, Nulad mring laksitaning poro putri pinunjul ing uni, bekti tresno mring sesami, sanyoto katah pro mudho tumaruno anandhang wigeno andulu poro kenyo listuhayu kumrangsanging  raos kadyo kaselak jajar sumandhing, lah puniko to warnaniro putri kang apindho dhomas.
Menawi ing tlatah ngayugyokarto winastan pager hayu, menawi wonten surokarto winastan dhomas, Dho wilangan kalih mas puniko kawan atus, jangkep wolungatus putri kang apindho dhomas.
Wekdal puniko putri ingkang pindho dhomas namung enem ingkang ndereaken jengkaring putro temanten, mengku pralampito dhateng putro temanten, biso o hanetepi harto karyo harto brata karyaning bebrayan agung, ingkang ateges  nemtoaken putro temanten ingkang  ginebeng nem perkawis , inggih puniko :
vWahyaning raos hasmoro nadha, inggih sengseming pangucap
vWahyaning raos hasmoro nala, inggih sengseming manah
vWahyaning raos hasmoro turo, inggih sengseming sih
vWahyaning raos hasmoro gama, inggih sengseming saresmi
vWahyaning raos hasmoro turidho, inggih sengseming kaprihatosan
Wahyaning raos hasmoro tontro, inggih sengseming turun.
Wondene ingkang lumaris suwantatiro, poro kadang wargo wandowo, sami sami sarimbit kalyan kang garwo, esthining parasdyo, suko asung puji pangastuti mring penganten , mugi tuluso bebrayan bagyo harjo ring dunyo prapteng delahan.
Inkang tut wuri handayani ing salampahiro, inggih puniko ingkang romo ibunipun penganten putri, jejer kalenggahanipun dados pethiting kirab, satindak tumuleh nganan, sapecak umenger ngering, lamun tho kawijilo pangunandikaniro, estu atur pujo pambagyo katur sagunging poro tamu sutresno, jojo ebek bombong mongkog karoban luhuring budi dharmane para rawuh ingkang sredho sudi angestreni dhauping putro siwi.
Kawuwoso lampahing risang pinanganten anjog ing wiwaraning sasana budoyo, nulyo sang subo manggolo suko sasmito mring ingkang binojokromo, kinen gyo angrucat  busono noropati gumantyo busono satryo aditama manjing jroning sasana busono.

Kirab 2 ( Kasatriyan )

Tuladha atur pranatacara wonten ing upacara kirab 2 ( Kasatriyan )
Wus tinarbuko wiwaraning sasana busono, kumenyar asung prabowo, kenthar kenthar angambar kongas gandhaniro marbuk arum wewangi, sumirat mirat tejo maya maya, soyo dangu soyo melengoni, soyo cerak soyo angranuhi, sanyoto tejane sang pinanganten mijil saking wismo busono arso mahas ning wismo wiwoho.
 Gyat kang samyo humiyat…..
http://kidemangsodron78.wordpress.com/wp-includes/js/tinymce/plugins/wordpress/img/trans.gif?m=1207340914g
Wit pasemone sang  pinangantyen ngagem busono kasatriyan kang sarwo endah, katingal gagah pidekso myang gandes luwes sang rinojo putri, wenang den ucapno pepindhane wong agung ing ngeksi gandha duk ing uni.
Dhasar satriyo pekik ing warno ngagem busono kang sarwi ……pating calorot pating galebyar sunare pepindhane kartiko kang asesilih prenah, sang dyah ayu tumungkul semu mesem ing wardoyo rinenggo ing sesotya maneko warno.
Penganten kakung Wus lukar busono satryo sangsoyo angenguwung prabane, sangsoyo mencorong guwayane, sangsoyo manteb penggalihe, cinondro kadi bagus danang sutowijoyo atmojoniro ki gedhe pamenahan, akekanthen asto kaliyan roro dewi semangkin atmojoniro  sri sultan drowo ing kalinyamat,  lagyo angenggar enggar driyo ameng ameng aneng udyono mriksani panjrahing sari puspito, ingkang nedheng mangudar mewangi sang senopati kembar kadi sang suwondo geni atmajane ki demang sangkal putung kalawan sang agung sadayu yoganiro ki sadewo , kekalihipun tus mijil saking tlatah jatianom, pramilo lamun kadulu pasuryane sumunar pindho sang purnomo sidi.
Tindakipun penganten sarimbit sami atut runtut reruntungan, sih kinasihan gegandengan asto, mratandhani bilih kekalihipun sampun sami mangun sedyo, badhe tansah sesarengan pindho mimi lan mintuno ngantos kaken kaken lan ninen ninen saking dunyo podo dumugyo delahan .
Kang apindho putri asta sata anglur selur dalidir kadyo putri boyongan saking wewengkon predikan ing toyo biru.
Sumusul ingkang munggwing wuntat, puniko romo ibunipun memayungi lampahing penganten sarimbit, sedoyo berowo sarto mempen ugi puji puji santi astuti basuki kang kaudi, lestari kang kaesthi.
Panjenenganipun bapak……sarimbit minongko pini sepuh penganten kekalih, katingal kekembeng waspo, nangins sanes waspo dhukiro, namung kabekto saking raos bombonging manah linandhesan puji syukur mring Gusti ingkang akaryo jagad, awit sampun karoban ing sih nugroho saenggo saget anjenengi pawiwahan ing kalenggahan puniko.
Sang subomanggolo minongko pangarsaning  kirab, sakedap kedap tumuleh atur tenggara dhumateng kang nedheng kirab, tan prabedo myang poro-poro kirab, poro pinisepuh poro tamu  kang kebak ing suko bagyo, katingal konjem lenggah semu mesem,
Kawistoro lamun kalegan ing sedyo, pramilo ing batos tansah paring puji dungo pudyastowo mrih penganten kekalih tansah teguh, rahayu basuki salami – lami.
 Sang pinanganten tuhu loro-loroning atunggal tunggal tungguling aloro, kang sawiji priyo kang sawiji putri, geleng gilig geleng rumasuk jumbuh  angurut ing cipto, rasa, karso, daya miwah karyane, munggeng jajar kalenggahane sowang sowang rumongso handarbeni, wajib hangrungkebi, mulat sariro hangroso wani.
 Pilah pinilih sajuru juru, giling geleng golong gegelengane, datan warsuh sang sinatriyo kembat menggah ingkang ginupito ing madyo tan lyan sang penganten kekalih, wondene kang winedhar ing wuri ingkang romo ibu, ingkang anggung mangastungkoro mrih paran parasdyane putri binerkahan.
Ingkang putro ginadhang gadhang tatag angadepi godha panggoda, amberat salwiring ridhu pangridhu, kawagang dadyo pangarso hangayomi, hangayemi, hangayani sanggyaning dasih kaswasih.
Pilih pinilih sajuru juru golong geleng gegelengane datan warsuh tataning titi laksito, napak tilas sang sujono, sarjono pinasthiko ingkang wus cinandhi ing amiyat,  jinempana  ing maruto, nenggih ki hajar dewantoro, ing ngarso sung tulodho, ing madyo mangun karso, tut wuri handayani.
Tan rinaos tindaking sang subo manggolo ndungkap ing sasana rinenggo, pramilo sigro ngaturi penganten kekalih mapan lenggah ing dhampar rinengo.
Tanggap sasmitho sang pengantyan kekalih, sigro mapan lenggah satata marak ing ngarsanipun poro tamu, saperlu nyeyadhong berkah pangesthu.
sumringah bingar sinawung suko ing wardoyo sang subomanggolo sidho karyo, tulus lulus angentasi karyo, nut laksitaning paratama.
Purno samudayanipun sang subo manggolo asung sasmito mring sang pindho noropati miwah parameswari, ingaturan lenggah ing sasana minulyo, salajengipun sang subo manggolo hangiring wangsul mring ingkang samyo angiring ambayangkara, ingaturang bedhol wangsul ing papane sowang sowang, cinondhro lir sata matarangan.
Nuwun.
Suba Manggala
Penget :
Sakderengipun nyekar prayogi dipun rumiyini pathetan rumiyin ingkang jumbuh kaliyan laras lan patheting gendhing ingkang kangge ngrenggani kirab http://kidemangsodron78.wordpress.com/wp-includes/js/tinymce/plugins/wordpress/img/trans.gif?m=1207340914g
·         Anyarkara kinarya ngrenggani
Mamrih regu regenging pahargyan
Karya umiring lampahe
Nenggih cucuking laku
Dera arsa manjing ing panti
Penganten wus samapta
Kinirapaken tuhu
Minta lunturing haksama
Tresna asih puja puji pangastuti
Hayuning palarama

·         Anteng tajem jatmika kaeksi
Ngegungaken susila nuraga
Tan kuciwa prayitnane
Siyaga sureng kewuh
Ubayane tan mbalenjani
Tegen, tanggon, tangguh
Pan alon tanggah jumangkah
Hanyaketi unggyane penganten kalih
Mangsah lumampah kirab

·         Mudha kalih siyaga umiring
Lampahira risang adimuka
Putri dhomas sawurine
Sulistya warna punjul
Rinengga ing busana adi
Karya gawok kang miyat
Temah cipta ngungun
Mangkana lampahe prapta
Ing ngarsane risang penganten serimbit
Gya tinabuh tenggara
Sebet byar kang cinarito…
Lah puniko minongko bebukaning kondho Ing ari kalenggahan puniko, ndungkap titi laksono kirabing panganten, Kawuryan ono sesetyo kalih kang coplok saking embanan, lah opo tho sebabe kawastanan mangkono..?
Wonten jejoko tumaruno dhaup kaliyan waroro, ingkang sahabe  peproyo arso lelumban ing madyaning bebrayan , wusnyo samapto gatining kang titi laksono upocoro kirabing temanten, samono sang subo manggolo ingkang mangarsani lampah sigro hanganti poro paraganing kirab ingkang sampun sawego ing gati.
Sinten tho ingkang kapiji ing karyo…?
Mboten sanes sang manggolo yudho, kang asipat satriyo kalih sakembaran, dhasar kekalihipun sami sami taksih mudho tumaruno, pekik ing warno, ngagem busono endah kang sarwi podho, milo lamun cinondhro satriyo warujuning dyan pinten lan tangsen, utawi nakulo lan sadewo.
Kanti antebing manah nyawego ing gati, hangiring panganten jengkar saking sasana wiwaha tumuju ing sasana busono, gyo hambrastho sakehing pepalang ing samargo margo, mrih yuwananing pinanganten sarimbit , kanthi asesanti rawe rawe rantas malang malang putung.
Ing pungkuran, poro putri dhomas wilangan…ngagem busono sarwi…..Dhasar sedoyo maksih sami kenyo, sami sulistyo ing warni, Pramilo lamin kacondro, pepindhane puspito ponco warno kang mekar ing taman sari, pramilo datan mokal lamun biso gawe cingaking poro taruno kang hamong karyo, Sinambet poro kadang kadayan saha pamong sumitraning panganten kang samyo gemregut rebat ngajeng, nedhahaken sih sutrinanipun dhumateng penganten kekalih.
Pungkasaning kirab, bapak – ibu………tindak lon lonan semu mesem ing wardoyo, mratandhani suko bagyaning manah nampi nugraha saking Gusti ingkang akaryo jagad.
Rikolo samono iring-iringaning kirab wus dumugi sangajenging dhampar rinenggo, sang subo manggolo sigro hangaturi penganten sarimbit jengkar saking dhampar rinenggo, astho kadhereaken gantos busono, Dupi prikso isarating sandi sang subo manggolo, sri pinanganten kekalih jengkar saking palenggahan sami jumeneng gegandengan asto.
Kebak ing kasusilan ngacarani risang temanten jengkar saking palenggahan, pinandhengan cucuk lampah ingkang ngarso nyarirani dadyo subo manggolo, gigut gemregut  rebut ngarso poro poro ingkang ngirabaken temanten,
 Jengkaring penganten kekalih lamun cinondro pindho sang sri narendro kang arso langen suko.

Kirab Pahargyan

Wicoro kirab pahargyan
 Naliko semono risang penganten sarimbit wus prapto wonten ing wiwaraning sasana pahargyan arso kirab lumebet ing sasana pahargyan, kawuryan saking mandrawa ginantha ing wardaya kadyia sri narendra kang arsa tedhak siniwaka.
 ~ Gendhing langen gita sri narendra ~
http://kidemangsodron78.wordpress.com/wp-includes/js/tinymce/plugins/wordpress/img/trans.gif?m=1207340914g
 Kadyo sri narendro kang arso tedhak siniwoko risang pinanganten, tindakiro sang rojo sahari kapangarsan mring juru laksono kang winastan subo manggolo, subo wis ngarani totokromo, tata susilo, manggala nenggih pemimpin, sang juru laksono nenggih manggalaning lampah, kanthi kebak totokromo miwah subosito sang juru laksono, mangarah arah tindake, sinten ta kang minongko sang juru laksono, nenggih dimas/kangmas/bapak………….dhasar wiwit awit mulo den gegadhang den gegulang mring edi endahing kabudayan, marmo anggeniro lumaksono tumapaking pada nut wiramaning gendhing, kanthi asesanti ing ngarso sung tulodho, suko tulodho mring satataning lampah, tatakrama lumaksono, rawe rawe rantas malang malang aputung, ngentasi pancobayaning margo mberat salwiring sukreto, mbengkas salwiring durmogo amrih tindakiro kang apindho raja myang prameswari lulus raharjo kalis saking sambikolo lenggah wonten ing sasana mulyo.
Sapungkurnyo sang juru laksono, ana patah sakembaran, sarwo kembarbusanane, sanadyan dereng pedhot anggeget sedhah, parandene ing kadewasane bakal sulistyo warnane kang akaryo gawoking jejoko kang samyo humiyat, nadyan dereng para ing budoyo, nggeniro lumaksono sesukaning nala, parandene datan saru lamun dinulu malah akaryo sengseming kirab.
Lah puniko kang dados punjering kawigatosan, kadyo raja lan prameswari nenggih pinanganten sarimbit sang abagus…………..miwah hayu………. Gandheng renteng renteng kekanthen asto bebasan datan ginggang pinoro sosro, risang pinanganten wus widagdo nambut silaning akrami kanthi napak asmani pustoko pikukuhing  polokromo ing dinten………… suryo kaping………… ing wanci meniko pinahargyo sawetawis arso nyuwun pangestu mring poro tamu ingkang minulyo, den kekudang mugi gesangiro sri pinanganten saged manggih ing kamulyan atut runtut reruntungan kadyo mimi lan mintuno, satuhu wus keplok lair bathine nyawiji karsane pinesthi dadi jatukramane, manunggal ing cipto, roso, lan karsane, kanthi asesanthi rumongso handarbeni, melu hangrungkebi, mulat sariro hangrasawani.
Ing madyo mangun karso para para ingkang bebesanan, nenggih bapak/ibu…….miwah bapak/ibu……… anggeniro kirab asesanti ing madya mangun karso. Jumurung mring karsaning putro pinanganten sarimbit, pinaringan puji pangestu rahayu amrih gesangiro pinanganten enggal manggih kabagyan.
Suwantatnyo poro poro ingkang bebesanan, lah puniko ingkang winastan putrhi dhomas miwah satriyo bagus, dho ateges kalih/loro, mas ateges sekawan atus, ing zaman kino, kalamun sang rojo dhaup polokromo ngirit putri dhomas wolung atus cacahe, satriyo bagus senopati pangapit ingkang ngrekso karaharjaning sang nata, sarwo sarwi kembar busanane, kembar kasulistyane, miwah kembar dedeg piadege, dene kang priyo sarwo bagus warnane, gagah sentosa, kang akaryo cingaking warara kang samyo uningo, kapincut kapilut sarto kapikut mring pekiking satriyo bagus senopati pangapit.
Para kadang miwah santono ingkang tutwuri handayani, suko pepuji mring ngarsaning Gusti amrih gesangiro risang pinanganten enggal saged manggih kamulyan, samyo suko ing manah para kadang mangayubagyo palakramaniro risang pinanganten, katitik esem tansah sinungging ing lati mratandhani sukaning manah, jumurung mring karsaniro risang pinanganten sarimbit ingkang lumebet ing madyaning bebrayan agung, mangun balewismo, gesang tembayatan, kaken kaken ninen ninen, lestari tumekeng wuri.
Panjang kirabing risang temanten lamun conondro kadyo taksoko lumaksono ing luhuring argo ima imantoko, sedoyo wau nambah gayeng miwah regengin swasono.
Naliko samono tindakiro risang subo manggolo wus ngancik ing sasana mulyo, sang juru lumaksono age age asung sasmito mring risang pinanganten, kalenggahaken ing sasana rinenggo.
Para bapak miwah ibu ingkang samyo bebesanan lenggah ing kanan lan keringiro pinanganten, ngampingi kang apindho raja myang prameswari, putri kang apindho dhomas satriyo bagus akaryo gapuro pager ayu pager bagus satemah adamel endahing margo tumuju mring sasana mulyo, dene poro kadang kepareng lenggah ing papan piniji suko dungo pangestu rahayu mring tumapaking karyo purwo madyo wasono rancag kalis saking sambekolo.
Paripurno ngentasi karyo, sang juru laksono sumembah mring risang pinanganten pratandha sampun bangkit ngentasi karyo.

19 komentar:

  1. Tulisannya kurang jelas, tidak terbaca..
    Mohon agar dapat diperjelas lagi..
    Matur nuwun..

    BalasHapus
    Balasan
    1. Iya Mas,aq yo rodo mblereng ra pati ketok,..

      Hapus
    2. hehe.. sampun dpunedit pak..matur nuwun sampun kersa rawuh blog punika

      Hapus
    3. KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.

      KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.


      KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.


      Hapus
  2. maturnurwun mas sarannya.. mungkin bias di copy ke word dan diganti font-nya..

    BalasHapus
  3. nyuwun sewu pak hesti nur cahyo, dalem ngopi tulisan panjenengan nyuwun palilahipun, dalem nderek sinau pranoto coro adat jawi saking panjenengan kagem nguri-uri kabudayan jawi, suwun

    BalasHapus
    Balasan
    1. matur nuwun mas Abdul sampun kersa mirsani seratan punika. Magga sareng-sareng nggladhi mas abdul, kula nggh nembe kemawon nggladhi babagan punika.

      Hapus
  4. kalo cara penyajiannya diperbaiki, pembacapun pasti lbih senang. tanpa harus copy ke word

    BalasHapus
  5. Terima kasih saran dari teman-teman. Akan segera kami perbaiki demi kenyamanan pembaca.

    BalasHapus
  6. Wis tau dipraktekna Oom?

    BalasHapus
  7. Agunging pangapunten, dalem nyuwun izin nderek ngopy, matursuwun.

    BalasHapus
  8. Kulo ugi ngaturaken agunging pangapunten, nembe kemawon ngopy artikelipun mas Hesti kangge gladhi mbenjang tgl 7 Mei 2016 kapiji dados pranotocoro. Nuwun

    BalasHapus
  9. Assalaamu'alaikum. Nyuwun idi palilahipun ndherek copas njih mas. Mugi berkah kagem samudayannipun. Matursembhnuwun sakderengipun.

    BalasHapus
  10. Mohon maaf, ini apanya ya? pengertiannya atau kalimat-kalimat yang diucapkan pada saat acaranya? yang berperan disini siapa? mc? gatau artinya:' ada tugas sekolah. terima kasih :)

    BalasHapus
  11. Ass wr wb....wah derek copas njih mas,mugi bermanfaat dumatheng samudayanipun..sembah nuwun..

    BalasHapus
  12. Ass wr wb....wah derek copas njih mas,mugi bermanfaat dumatheng samudayanipun..sembah nuwun..

    BalasHapus
  13. Nyuwun seratan pocapan/ sasmita saben2 titi laksita

    BalasHapus
  14. Nyuwun seratan pocapan/ sasmita saben2 titi laksita

    BalasHapus
  15. wonten conto panyandra wisuda nopo mboten pak?

    BalasHapus